PENTING!!!

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. Jangan lupa comment dan share yaa :) -Awangga

CONTOH SESORAH BAHASA JAWA TENTANG PERPISAHAN

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Pada kesempatan kali ini, saya akan memberikan contoh tentang Sesorah Bahasa Jawa dengan Tema Perpisahan.




Sesorah Bahasa Jawa

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Sugeng siang para rawuh.
Ingkang kinurmatan Bapak X, minangka Kepala X. Bapa Ibu dwija saha karyawan karyawati ingkang kula urmati. Para Rawuh ingkang bagya mulya. Saha para kanca lan adhik-adhik ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita munjukaken puji yukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paringaken kasarasan supados ngantos kita sedaya saget kempal wonten mriki kanthi sehat wal'afiat.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW sarta para sedherekipun ingkang kita antu-antu syafa'atipun ing yaumul qiyamah semangke.

Para rawuh ingkang bagya mulya, kula minangka wakil saking kelas 12 ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng bapa ibu dwija, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhateng kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saget memuji, mugi-mugi amal kesaean bapa ibu sedaya pikantuk pinwales saking Gusti Allah, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujenagan saha katentreman saengga bapa ibu saget nggulawentah adhik-adhik ngantos dumugi purnah kanthi nilai ingkang sae.

Boten kesupen kula sakanca nyuwun agunging pangapunten dhumateng bapa ibu sedaya menawi asring damel bapa ibu duka lan kuciwa saking atur lan solah bawa kula sakanca.

Para rawuh ingkang bagya mulya, sepisan malih kula dedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti.

Wasana cekap atur kula, menawi kathah lepat saha kathah kakiranganipun kula nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Belum ada Komentar untuk "CONTOH SESORAH BAHASA JAWA TENTANG PERPISAHAN"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel

Flame